Postingan

Menampilkan postingan dari September 7, 2022

Raden GATHUTKACA

Gambar
                    Raden Gathutkaca satriya saka Pringgadani kang kondhang otot kawat balung wesi, bisamabur tanpa swiwi amarga nganggo kotang Antakusuma paringane, iku sejatine putrane Raden Werkudara karo Dewi Arimbi. Asmane liya yaiku Bambang Tetuka ,     Arimbatmaja , Krincingwesi.           Pusere Raden Gathutkaca nalika lair ora kena dikethok, gegaman apa wae ora bisa tumama kanggo ngethok. Kacarita pusere bisane dikethok nganggo warangka senjata Kunta Wijayandanu kang saka kahyangan. Nanging bareng pusere pedhot, warangka mau malah nyawiji mlebu ing pusere Raden Gathutkaca.        Bayi kang lagi pedhot pusere mau banjur digawa menyang kahyangan lan didadekake jagoning para dewa kanggo ngadhepi Prabu Kalapracona lan Patih Sekipu kang gawe rusaking kahyangan. Bayi Raden Gathutkaca dicemplungake menyang kawah candradimukasing genine murub mengalat - alat. Gathutkaca dikrocok genggaman, nanging ora mati, malah cepet gedhe.          Metu saka kawah malah wis nganggo busana wesi, nga